iklanku

kasihku

rinduku

Thursday, March 17, 2016

ayo sukseskan pelajaran tkj di smk walisongo ngawen dengan 7 bahasa asing
perkenalan menggunakan bahasa jawa

wong jowo ojo lali jawane...wong monco wae mbituk sinau boso jowo lho le....

Tetepungan utowo perkenalan

Wulan Juli Janto wiwit mlebu SMP. Ing wengine sinambi nonton TV, dheweke didangu dening bapak lan ibune.
Ibu         :”Kapriye, Jan, sekolah ing SMP seneng apa ora le ?”
Janto       : ” Wah remen sanget, Bu. rencangipun kathah, ugi gurunipun. Ngendikanipun Bapak Kepala Sekolah ingkang mucal gurunipun gantos-gantos jumbuh kaliyan piwucalipun, maksudipun kados pundi ta, Bu ?”
Ibu         : “ Karepe ngene, lho le. Yen pelajaran Matematika, ya sing mulang guru Matematika, yen basa Jawa, ya sing mulang guru Basa Jawa. Dadi gurune  beda karo ing SD. Ing SD gurune guru kelas. Ing SMP gurune diarani guru mata pelajaran.”
Janto       : “O, ngaten ta, Bu.?
Ibu         : “Ya…”
Bapak    : “ Kowe mlebu ing kelas apa, Yan ?”
Janto       : “Wonten kelas 7 A, Pak.”
Ibu         : “ Kelas 7 sing anyar ana pirang kelas , Jan ?”
Janto       : “ Wonten gangsal kelas, Bu. Kelas 7 A dumugi 7 E.”
Bapak    : “ Mlebu kang kawitan mau wis diwulang apa, Yan ?”
janto       : “ Kala wau dereng dipunparingi wucalan, namung upacara, resik-resik kelas, lajeng mlebet kelas, ndhapuk pengurus kelas, kalajengaken pitepangan.”
Bapak    : “ Ya bener kuwi kudu dianakake tetepungan, supaya padha kenal karo kanca-kancane kabeh. Terus carane kepriye, Jan ? Kamangka bocahe akeh, apa ora rame?”
Janto       : “ Caranipun, dipunwiwiti dening wali kelas nepangaken rumiyin. Panjenenganipun ngendikakaken jeneng saha alamatipun. Kalajengaken sedaya siswa setunggal baka setunggal dipundawuhi nepangaken kanthi nyebataken nama, tanggal lair, alamat, asmanipun tiyang sepuh, saha cita-citanipun, ngantos lare 40 majeng sedaya. Dados boten rame.”
Bapak    : “ O...., ngono ta. Kowe ya wani maju ing ngarep kelas, Yan?”
Janto       : “ Inggih wantun. Kawitanipun inggih ajrih, radi ndredheg. Nanging sareng kula pikir, kenging menapa kedah ajrih ? sedaya ingkang wonten kelas menika kanca, sanes memedi, ingkang kedah dipunajrihi, inggih boten, Pak ?”
Bapak    : “Ya kono kuwi, jan. Dadi bocah kudu kendel waton bener. Terus jan-jane cita-citamu kuwi besuk kepingin dadi apa ta, Yan ?”
Janto       : “ Kula benjang kepingin dados guru, Pak. Kepareng ta, Pak ?”
Bapak    : “ Ya, oleh wae ta. Apa sebabe kowe kok kepingin dadi guru ora liyane kaya dadi pulisi, tentara, utawa dokter ?”
Janto       : “ Amargi guru menika ingkang mucal, ingkang ndadosaken tiyang-tiyang menika pinter, sehingga wonten ingkang dados pulisi, tentara, utawi dokter, malah presiden. Guru menika ageng sanget jasanipun, inggih ta, Pak.”
Bapak    : “ Iya-iya, Yan. Wah yen ngono luhur temenan cita-citamu kuwi.”
Ibu         : “ Ya wis dipunggel dhisik critane, sesuk diterusake maneh. Saiki wis wengi padha mapan turu, sesuk ben ora kawanan !”
              Janto   : “ Inggih, Bu. Sugeng dalu Pak, Bu, sugeng sare.”

0 komentar :

Post a Comment